Oleh KH Misbah Mustofa
(Bangilan Tuban)
صَلِّ وَسَلِّمْ دَائِمًا عَلَـى احْمَدَ - 2×
وَالْآلِ وَالْأَصْحَابِ مَنْ قَدْ وَحَّدَ- 2×
METUNE SERNGENGE SONGKO KULON
Nuli serngengene metu songko kulon
Teko tengah ora ngetan bali ngulon
Telung dino, yen wus ngono lawang tobat
Dipun utup tobat niro dha’ manfaat.
Sedurunge bakal ono tondo aneh
Bengi dowo tikel telu, wong dho sedih
Ing akhire serngenge lan bulan metu
Bareng-bareng tanpo sinar kang lumintu
Esok iki akeh wong kang maleh kethek
Maleh celeng, bagus ayu maleh elek
Penduduke bumi podho jerit-jerit
sekeih ibu ninggalake bayi alit
akeh wadon metheng ngugurake bayi
wongkang sholeh do ibadah enak-enak
ing sa’ wuse telung dino serngengene
bali metu wetan koyo biasane
DABBAH
Nuli dino iku ugo Dabbah muncul
Songko Makkah gowo tongkat ngalor ngidul
Mung sedilu’ ngetan ngulon sampun rampung
Nindaake tugas ingkang paling agung.
Nganggo tongkat nuthuk-nuthuk lanang wadon
Nuli katon kafir mukmin tanpo padon
Nganggo elar lan suwiwi sikil papat
Lampah ipun turut krenteg biso rikat
DUKHON (KABUT ASAP)
Ing sa’ wuse ono kukus metu mulek
Yen ngenani mukmin banjur biso pilek
Wong kafire koyo wongkang mendem arak
Ora biso mangan bingung lunta’-lunta’
ANGIN
Nuli ono angin wangi nyilir adem
Wongkang mukmin keno angin mati tentrem
Isi bumi kari wongkang podho kafir
Urip ipun koyo hewan kocar-kacir
ILANGE QUR’AN
Nuli Qur’an ilang kabeh sangking bumi
Kang ditulis kang ing ati musno sami
Songko iku mumpung durung ilang musno
Ayo podho moco Qur’an kang sempurno
Njaluk warah Qur’an najan wus katuwan
Ora olo mrodo awak kanggo gawan
Putra-putri putu kudu dicriwisi
Iku Qur’an jimat mandhi tur maesi
Posting Komentar untuk "128. Solawatan Mengingat Tanda-Tanda Kiamat (3)"